angrantu sinambi jumangkah
ing dalan kang peteng
kebak sandungan
mecaki lurung lurung
mecaki lurung lurung
kang dawa satengahing
ara-ara
bumi kang kapidak kebak sinengker
anggawa ganda bacin
manuk manuk dhandhang
kekitrang wayah sore
peteng kang gemuleng ing angganing manungsa
wus sinerat ana ing kitab duk ing uni
pepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungah
kanggo kita sami jalma manungsa
kang bakal amadhangi
lurung-lurung, dalan-dalan lan ara-ara
amadhangi sakendhenging jagat raya
mara gage kita sami tumenga
ing angkasa
mangayubagya rawuhipun
sang pepadhang
kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga
mangestu nampi pepadhang .....
bumi kang kapidak kebak sinengker
anggawa ganda bacin
manuk manuk dhandhang
kekitrang wayah sore
peteng kang gemuleng ing angganing manungsa
wus sinerat ana ing kitab duk ing uni
pepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungah
kanggo kita sami jalma manungsa
kang bakal amadhangi
lurung-lurung, dalan-dalan lan ara-ara
amadhangi sakendhenging jagat raya
mara gage kita sami tumenga
ing angkasa
mangayubagya rawuhipun
sang pepadhang
kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga
mangestu nampi pepadhang .....
Tidak ada komentar:
Posting Komentar