Rabu, 20 April 2011

WAYAH ESUK PEDUT ANGENDANU




Sepuluh tahun kepungkur aku lan sliramu
nate mlaku ana dalan kene
saklawase ora nate ketemu
saliramu lan saliraku wus beda
ora kaya biyen nalika isih tak kanthi
gandaning wengi mau isih sumrebak
ngebaki pedut wayah esuk

Wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur
wus pirang wayah ketiga
tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putih
ing dalan iki sepuluh tahun kepungkur
ana cerita rinajut endah

Kala kala sliramu isih dadi impenku
pirsanana ana nduwur kae
ana teja manther ing sela-selaning gegodongan
lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedhene

Saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangen
simpenen kangenmu ana ing impen
 jebol tresno rakeno karengkoh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar